BAHASA RINENGGA



Basa Rinengga

A.Pangerten Basa Rinengga
Basa Rinenga yaiku basa sing dirangkai kanthi cara tembunge digabungkaro tembung liya saenga dadi basa sing endah lan nresepake ati.Basa Rinega biasane digawe ana ing acara pedhalangan, pranata cara(sambutan temanten,pengetan taun anyar lsp).Utawa basa rinengga yaiku karangan kang kalebu susastra rinacik mawa basa kang endah. Endahing karangan kasawung sarana isi kang narik kawigaten lan nyenengake, sarta basa kang edi peni. Edi penining basa warna-warna, lan katon manawa diucapake. Racikaning basa kang edi peni karana rinengga-rengga lan warna-warna rerengganing basa. Kajaba marga endahing basa, karangan katon endah marga becik pangrakite, laras pangrumpakane. Iku katon ing prakara runtut lan mathis panataning tembung lan ukarane. Endahing karangan marga cocog pamilihing tembung. Upamane, bab anggone migunakake tembung camboran , dasanamaning tembung. Luwih-luwih bab pamilihing tembung lan kridhaning swara ing sajroning ukara. Kadhang kala endahing karangan utawa rumpakan karana mathis pamilihing busananing basa. Upamane, bab pangraciking swara lan pangrakiting tembung. Ing istilah Jawa ana kang ingaran purwakanthi. Istilah purwakanthi cupet banget pangertene, yaiku padha karo kang sinebut ing istilah Indonesia sajak utawa rima.
Jinis-jinise Basa Rinengga :
1)    Tembung saroja, yaiku tembung loro kang padha utawa meh padha tegesedianggo bebarengan.
Tuladha: a. Wayangikuminangkabudayakangadiluhung.
               b. SupayaKoperasiSekolahmaju, parapengurus kudu nggunakakeakalbudi.
2)    Tembungentar, yaiku tembung kang tegesé ora kaya makna saluguné (kata kiasan).Utawa tembung kang ora kena ditegesi sawantahe baé sinebut uga ing basa Indonesia tembang silihan (kiasan).
Tuladha : a. Para wargapadawediamargaanawonglaraowah.
              b. Sanajanrupaneayu, akeh sing orasenengamargatipis lambene.
3)    Wangsalan, yaikuunen-unenkangngemutegesbadheanutawacangkrimannangingdibatang (dibedhèk) dhéwé. Ukaranéorapersisnangingmèmperwaé.
Tuladha : a. Sarungjagung, abotenthengayoditanggung (klobot)
              b. Pindanglulang, kacekapaakukarokuwe (Pindhanglulang = Krecek)
4)    Paribasan,unen-unenkangwisgumathokracikanelanmawategestartemtu. Dhapukaningparibasanawujudukarautawakumpulaningtembung (frase), lankalebubasapinathok. Racikaningtembungoraowah, surasautawategeseugagumathok, lumraheategesentar.Paribasanngemuteges: tetandhingan, pepindhan, utawapepiridan (saemperpasemon).
Tuladha : a. Becikketitikalaketara = sing becikbakaltinemu, sing alabakaleketara
             b. Cebolnggayuhlintang = wongduwepanggayuhkangmokalkecandhake
5)    Bebasan,unen-unenkangajegpanganggone, mawategesentar, ngemusurasapepindhan. Kang dipindhakakekaananutawasesipatanewong/barang.Wongeugakatutingsajronepepindhannangingkangluwihditengenakekaananeutawatindak-tanduke
Tuladha :
1. Kocak tandha lukak
    tegese : wong kang sugih omong pratandha durung akeh kawruhe.
2. Sedhakep ngawe-awe
tegese : wis mareni marang tumindak ala  nanging ing bathin isih kepingin nindakake maneh.
6)    Saloka, yaikuunen-unenkangajegpanganggonemawategesentar, ngemusurasapepindhan. Nangingkangdipindhakakewonge
Tuladha :
1. Gajah ngidakrapah
    tegese :wongkangnglanggarwewaleredhewe
2. Sumurlumakutinimba  
    tegese :wongkangkumudu-kudu dijalukiwarah
3. Lahankarobanmanis
    tegese :wongbagus/ayurupaneturbecikbebudhene
7)    Purwakanthi, Purwa tegese wiwitan, kanthi tegese gandheng. Purwakanthi yaiku runtute swara ing ukara, wanda utawa tembung kang kapisan nggandheng wanda utawa tembung ing saburine.
Tuladha :
v  Kudu jujur yen kowe kepingin makmur.
v  Ana dina ana upa, ana awan ana pangan
v  Kala kula kelas kalih, kalung kula kolang-kaling keli ing kalen kilen kula
v  Pak Kreta, nunggang kreta mudhun kreteg Kertasana.
8)    Parikan, unen – unen kang dumadi saka rong ukara. Ukara sepisanan kanggo narik kawigaten, lan ukara kapindho minangka isi.
Parikaniku kaya pantunnangingmungronglarik, parikanmigunakakepurwakanthi guru swara.
Paugeran utawa pathokane parikan
Cacahing wanda kapisan, kudu padha karo ukara kapindho.
Ukara sing ngarep kanggo bebuka dene ukara sabanjure minangka isi, wos.
Tibaning ukara kang kapisan kudu padha karo ukara sing kapindho.
Parikan bisa dumadi saka rong gatra utawa patang gatra.

Gawe cao nangka sabrang, kurang sirup luwih banyu. Aja awatak gumampang, den sengkud nggregut  sinau.
Jangan kacang winor kara, kaduk uyah kurang gula. Piwelingku mring pra siswa, aja wedi ing rekasa.
kayu urip ora ngepang, ijo-ijo godhong jati. Uwong urip ora gampang, mula padha ngati-ati

Parikan padinan
Kece, ora enak. Melu kowe ora kepenak
Ngetan, bali ngulon. Tuwas edan, ora klakon.
Peyek diremet – remet. Ngenyek, aja banget – banget.
Pitik walik, jambu wulung. Dilirik, wadul mring kakung
Pitik walik saba kebon. Ketoke cilik jebul babon.
Manuk emprit nucuk pari, dadi murid bukune keri.
9)    Pepindhan,iku unèn-unèn jroning kang mindhakake barang, kahanan siji karo barang utawa kahanan liyane, lumrahe nganggo tembung panggandheng : kaya, lir, pindha, kadya, lir pendah. Pepindhan asring dipigunakaké ing pacelathon padinan, panyandra jroning adicara penganten, pagelaran wayang utawa jroning babagan sastra





Tuladhané Pepindhan
Pepindhan kanggo nyandra putri kang sulistya.
v  Ayune kaya dewi Ratih
v  Dedege ngringin sungsang
v  Luruhe pindha Dewi Sembadra
v  Aluse kaya sutra
v  Jogede kaya merak kesimpir

Panyandra kanggo satriya utawa priya
v  Baguse kaya bathara Kamajaya tumurun
v  Brengose nglaler mencok
v  Brengose nguler keket
Pepindhan kang kanggo nyandra kahanane wadyabala.
v  Abang kumpul padha abang kaya alas kobong
v  Dawane barisan anglur selur pindha sela brakithi
v  Ijo kumpul padha ijo kaya bethet sayuta
v  Ireng kumpul padha ireng kaya gagak reraton

Pepindhan kanggo nyandra wong nesu utawa nantang perang
v  Soca bang angatirah
v  Jaja bang mawinga-winga sinabet merang sagedheng bel mubal dahana.
v  Sang Prabu duka yayah sinipi lir sinebit talingane.
v  Sumbaré kaya bisa mutungna wesi gligèn

Pepindhan kanggo nyandra kahanan
v  Abote kaya watu
v  Adheme kaya es
v  Polahe ngaru napung
v  Rikate kaya angin

Pepindhan liya-liyane
v  Akehe lelara kaya kena pageblug
v  Ali-aliné nggunung sapikul
v  Galake kaya buta
v  Galake kaya macan manak



Nama :Hamim musyafa’
Kelas : X IIS 4
Abs    :16

ikuti saya di :

ig : instagram.com/kamim__

fb : kamim m

Komentar

Postingan Populer